Bahasa Pendidikan

13 Contoh Cerkak Bahasa Jawa Singkat dan Terjemahannya

11 menit

Butuh inspirasi untuk merangkai cerkak bahasa Jawa singkat dengan tema-tema yang menarik? Simak contoh dan terjemahannya di sini!

Menurut buku Teknik Membaca yang disusun oleh Nurhadi, pengertian cerkak adalah salah satu karya sastra berupa karangan fiksi singkat, sederhana, dan berisi masalah yang relatif sederhana dibandingkan dengan novel atau roman.

Cerkak sendiri merupakan singkatan cerita cekak yang jika diterjemahkan dalam bahasa Indonesia berarti cerita pendek.

Karya sastra Jawa ini pun memiliki unsur-unsur yang serupa dengan cerpen, mulai dari unsur intrinsik maupun ekstrinsik.

Dirangkum dari berbagai sumber, berikut penjelasan dan contoh cerkak bahasa Jawa.

Unsur Intrinsik Cerkak Bahasa Jawa

Sama halnya seperti cerita pendek pada umumnya, cerkak juga tergolong sebagai sebuah karya sastra.

Dikutip dari buku Bahasa Jawa Xa (2016) oleh Eko Gunawan, berikut unsur intrinsik cerkak:

  • Tema
  • Latar cerita
  • Sudut pandang
  • Alur
  • Penokohan
  • Konflik

Contoh Cerkak Bahasa Jawa Singkat

1. Contoh Cerkak Bahasa Jawa Panjang

“Trowulan”

Karya: Fithriyah

“San, iki bekele. Dientekna, ya,” ngendikane Ibu.

“Insyaallah, matur nuwun, Bu,” jawabku. Bungkusan kotak bekel karo botol ngombe iku taktrima terus taklebokno ranselku.

Pas wis beres kabeh, aku pamit nang Bapak lan Ibu.

“Ihsan, mulihe aja kesorean, yo. Saben sore kan mesthi udan iki. Ati-ati nang dalan, aja ngebut,” dhawuh Bapak.

***

Teka omah, aku nyusul Adi, terus budhal bareng nang Trowulan. Wis suwe aku pingin dolan mrono, tapi kaet saiki keturutan. Pas kebeneran Adi, kanca sakkelasku, pingin mrono pisan. Omahe Adi mek kacek telung omah teka omahku.

Trowulan iki petilasane Kerajaan Majapahit. Lokasine nang Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto. Ora sepira adoh teka omahku, palingan setengah jam wis nyampe nek nggawe sepedah. Aku mbek Adi mancal sepedah alon-alon nang pinggir dalan. Ngobrol disambi ndelok pemandangan nang dalan.

Dina Minggu iki aku mbek Adi pingin ndelok Museum Majapahit karo Patung Buddha Tidur. Dadi pas nyampe Trowulan jam sanga, kene langsung nang museum. Tuku tikete murah, soale jik pelajar, aku lan Adi kelas 5 SD. Mari dipriksa tikete, kene mlebu museum.

Ternyata koleksine museum iki lengkap banget. Infone penjaga museum, saiki luwih teka satus ewu koleksine. Wakeh banget, yo! Dudu cuman koleksi zaman Majapahit, tapi ana koleksi kerajaan liyane pisan,kayak Kerajaan Kahuripan, Kediri, lan Singhasari.

Museum Majapahit iki dewe sejarahe yo wis suwe banget. Kawitane dibangun karo Bupati Mojokerto, R. A. A. Kromodjojo Adinegoro. Bareng karo arsitek Belanda, Henry Maclaine Pont, dibangun Oudheeidkundige Vereebeging Majapahit (OVM), tanggal 24 April 1924. Saiki OVM dadi kantore BP3 Trowulan.

Pas wis akeh koleksine, baru dibangun Museum Trowulan, taun 1926. Trowulan iku ternyata ibu kotane Majapahit sing terakhir. Majapahit iku kerajaan gedhe nang Asia Tenggara, teka abad ke-13 nganti abad ke-15.

Majapahit iki jayane pas dititah Hayam Wuruk karo Patih Gadjah Mada. Wilayahe pas zaman iku nganti nang Malaysia lan Thailand.
Barang sing dipamerno nang museum iki macem-macem.

Ana arca, dhuwit, prasasti, senjata, rajabrana, piranti masak, piranti omah, lan sakpanunggalane. Rajabranane emas karo perak, lan kerajinan liyane teka kuningan, perunggu, wesi, lantembaga1. Saking senenge ndelok koleksi sing sakabreg iku, moro-moro wis adan Zuhur. Aku mbek Adi metu nang musala.

Bar salat, kene mangan nang pendapa. Pegel muter-muteri museum, luwe, trus mangan nang kene iki enak banget. Angine adem silir-silir, soale pendapa iki dikelilingi petilasan candi. Aku dibekeli Ibu sega rames. Lawuhe terik tempe, empal, srundeng, sambel goreng ati lan kentang, karo cah kangkung.

Alhamdulillah, enak banget! Biasane aku lan Adi nek piknik ijol-ijolan bekel. Merga jik pandemi, dadi kene mangan bekele dewe- dewe.
Mari mangan, kene budhal nang Maha Vihara Majapahit, Desa Bejijong. Nang kene ana Rupang Sleeping Buddha, utawa Patung Buddha Tidur.

Patung iki mlebu MURI, soale nomer telu paling gede sakdunia. Dawane2 22 meter, amba 6 meter, lan dhuwure 4,5
meter. Nang vihara iki taman e yo apik. Dadi kene foto- foto nang Patung Buddha lan taman, terus buru-buru mulih. Soale langit wis mendung.

Aku mbek Adi ngebut, mancal sepeda mulih. Moro-moro…
Jlegerr!

Bledhug kenceng banget, disambung gerimis. Kacamataku teles kabeh, dadi bahaya nek terus sepedahan, nggak isa ndelok dalan. Akhire kene ngiyup nang ngarepe warung penyetan wader. Warung iki cidek karo segaran. Kaet ngiyup, dadak udane bres … deres banget! Sandal gunungku kebles, kecipratan banyu. Adi yo ngunu, ngadeg jejerku, mepet nang temboke warung.

“Le, ayo mlebu! Ngiyup njero warung ae!” celuk bapak-bapak teka njero warung.

Aku noleh nang Bapak iku. Wis rada sepuh, tapi kethoke apikan wonge. “Mboten, Pak, matur nuwun. Sandal kula reged, ngiyup wonten njawi mawon,” jawabku.

“Wis nggak papa, timbangane kowe kudanan ngunu terus lara. Ayo, ndang mlebu kene!” dhawuh Bapak iku.

Aku noleh nang Adi. Deke ndeloki aku pisan, terus manthuk. Akhire kene mlebu nang warung iku.

“Arep ngombe apa? Teh apa kopi anget?”

Kene pesen teh anget loro. Nggak suwe wis metu teh iku, disuguhno mbak sing mau nang meja kasir. Bapak mau pinarak nang meja ngarepe mejane kene. Si Mbak nyuguhi teh karo sakpiring ote-ote.

“Jik entas nggoreng iki. Ayo, mumpung anget,” jare si Mbak.

Aku lan Adi langsung nyruput teh. Enak, tehe nasgitel panas, legi, kentel. Ote-otene yo gurih tur anget. Ote-ote iki njerone meh pada karo bakwan (Jakarta) utawa bala-bala (Bandung). Bedane, nang ndhuwure ote-ote ana urang goreng utuhe.

Udane tambah deres. Untung ae kene wis mlebu warung, tapi sepedahe kene kebles kabeh, diparkir nang ngarepe warung. Pak Bekti, sing nduwe warung kuwi, crita bab warunge, karo daerah Trowulan kuwi. Rupane Pak Bekti iki wong asli Trowulan. Biyen pas cilikane, dolane nang candi-candi petilasan Majapahit iki.

“Candi petilasane Majapahit iki sakjane akeh, tapi sing isa dislametna nganti saiki mung sithik. Candi Bajang Ratu, Candi Tikus, Candi Kedaton, Supur Upas, Candi Gapura Wringin Lawang, Candi Brahu, iku sing jik ana sampe saiki. Mugi-mugi isa lestari terus, ben arek-arek generasimu lan sakteruse isa ngerti critane Majapahit,” ngendikane Pak Bekti.

Pas udane leren, kene langsung mbayar terus pamit, tapi ditolak karo Pak Bekti.

“Nggak usah, aku seneng dikancani ngobrol. Kapan-kapan nek nang Trowulan maneh, mampira kene, yo!” dhawuhe Pak Bekti.

Alhamdulillah, dina iki nambah ilmu, pengalaman, tur kanca. Aku dadi pingin dolan mrene maneh. Neruske ndelok museum sing mau durung tuntas, terus nekani candi-candi kuwi, ben luwih ngerti sejarahe Majapahit.

*sumber: buku Kumpulan Cerita Anak Bahasa Jawa

2. Contoh Cerkak Bahasa Jawa

contoh cerkak bahasa jawa tentang persahabatan

contoh cerkak bahasa jawa tentang persahabatan

Sahabatku kang Becik Atine

 

Pas bali sekolah, aku karo kanca-kancaku mangkat niliki Budi sing wis ra mlebu sekolah seminggu. Krungu-krungu, Budi ki loro tipes. Aku mbek konco-konco inisiatif urunan gawakne roti lan buah sing disenengi Budi.

Aku lan koncoku numpak onthel bareng sisan bali. Ndilalahe pas nek tengah dalan ora sengojo ban othelku kecubles paku.

“Do, onthelku kok kroso gliyut-gliyut”, tembungku ning Anto.

“Lha emange ngopo?” jawabe Anto.

“Sik tak mandek sik. Tak tiliki ngopo kok ngene,” balesku.

Terus aku mandek mbek Anto nggo ndelok onthelku saktemene kenek opo. Konco-koncoku liyane langsung ning omahe Budi.

Mbasan tak delok, tibake banku ketubles paku ngasi gembos. Akhire aku golek tambal ban dikancani Anto. Bejane pas kui ra ono tambal ban.

Yawis, onthelku tak gowo bali disik terus aku nggonceng Anto. Aku matur suwun banget karo Anto, mergo Anto gelem tak goncengi mangkat mulih dino kui.

3. Contoh Cerkak Bahasa Jawa 

contoh cerkak bahasa jawa tentang pengalaman pribadi

contoh cerkak bahasa jawa tentang pengalaman pribadi

Acara Ulangtahunku

 

Minggu wingi aku ulang tahun umur 9 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang tahun nek omah lan ngudang kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 15.

Aku seneng banget pas diaturi ibuk ulang tahunku bakal dirayakno. Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas klambi anyar gae acara kasebut.

Ruang tamu omahku juga bakal dihias gawe balon-balon lan pita sing katon apik lan meriah. Ora ketinggalan ibukku juga pesen roti ulang tahun bentuk minion sesuai karo sing tak senengi.

Dulur-dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu ibukku ngewangi masak gae acara kasebut. Konco-koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado buku, pensi, tas, lan sepatu.

Acara kasebut berjalan dengan meriah. Momen iku ora bakal iso tak lalekne.

4. Contoh Cerkak Bahasa Jawa

contoh cerkak bahasa jawa tentang liburan

contoh cerkak bahasa jawa tentang liburan

“Preian Sekolah

 

Ora kroso minggu ngarep wes preian sekolah sing suwene ono seminggu, aku lan keluargaku duweni rencana bakal dolan menyang griyone kakungku kang ono ing deso tandan sari.

Desone kakungku terkenal ijek asri, kaline bening, lan sawah-sawahe katon ijo royo-royo. Perjalanan teko omahku menyang omae kakungku butuh wektu 4 jam.

Mari sholat subuh aku wes semangat adus lan nyiapne klambi ganti selama liburan ing kono.

Gak lali ibukku juga nyiapne bekal dige selama perjalanan. Akeh pemandangan kang apik amergo perjalanan menyang omae kakungku ngelewati gunung lan hutan.

Aku lan keluarga budal teko omah jam 7 esuk numpak mobile bapak.

Selama perjalanan aku lan bapak akeh crito tentang pengalamane bapak pas jeg cilik nek omahe kakungku.

Aku maleh duwe rencana pengen dolan nek kali, sawah lan kebon’e kakung.

Ora kroso crito ngalor-ngidol, wayah jam 12 awan tibak’e ameh tekan omahe kakungku.

Kakungku ketok wes siap ngenteni nek ngarep omah karo wajah’e seneng banget karo katekananku.

Aku salah siji putune sing di sayang. Selama nek omahe kakungku, aku di ajak dolan menyang kali, sawah lan kebon. Aku seneng iso liburan sekolah nek desone kakungku.

5. Cerita Cerkak Bahasa Jawa

Mlebu Sekolah

 

Sak uwise perian sekolah suwe, sesok wayae mlebu sekolah ugo golek ilmu kanggo sangu mbesuk gede.

Ora kroso ati iki mulai gugup amergo sesok bajur uwes sekolah ing bangku SMA. Aku ketrimo ing SMA sing tak pengeni kang panggonane ono kuto gede.

Aku wes ora sabar bakal ketemu konco anyar, guru anyar lan pengalaman anyar. Bapak lan Ibu juga akeh ngewehi wejangan supoyo biso sekolah tenanan, pinter, lan iso mbanggakne wong tuwo.

Ora lali aku ugo dikandani lek sekolah ing kuto kudu iso njogo diri saking pergaulan kang ora becik, kudu taat agama!

Ora kroso dino kang ditunggu tibo. Tepate dino senin aku di terke bapak menyang sekolah gawe seragam anyar lengkap.

Aku diterke sampe gerbang ngarep sekolahan terus pamitan lan bapakku muleh. Bapakku matur.

“Lek wes jam muleh sekolah ngabari ya le, ngko tak papak.”

“Enggeh, pak.”, jawabku.

Aku mulai melbu sekolah nuju lapangan kang uwes ono akeh bocah anyar baris. Dino iki enek kegiatan sing diarani “MOS”.

Jadi poro siswa anyar bakal dikenalke karo lingkungan sekolah sing suwene 3 dino. Acara MOS iku dimulai pembukaan upacara bendera, wejangan soko bapak kepala sekolah, perkenalan lingkungan lan lio-liane.

Aku seneng banget duweni kesempatan iso sekolah SMA ing kuto. Aku berjanji karo awakku dewe lek nek sekolah iki bakale aku iso luweh berprestasi, sregep lan iso manggakne wong tuaku loro karone.

6. Contoh Cerkak Bahasa Jawa 

Pandemi Covid-19

 

Setahun kepungkur negoro iki keno wabah pandemi covid-19. Berita kasebut akeh disiarke ing TV lan surat kabar.

Aku lan warga sekitar eruh kabar kasebut lan mulai ngenekne rapat sore iku.

Ing awal-awal wabah kasebut, Pak RT duwe rencana becik supoyo wabah kasebut iso cepet ilang soko negorone awak’e dewe.

Poro warga di dawuhi dipangeing metu tekan omah.

Kabeh dalanan melbu deso sementara bakale di tutup, sekolah di preikne lan kabeh kerjoan di liburno.

Warga sekitar kang melu rapat deso kasebut podo setuju karo usulane pak RT.



Pak RT sanjang, “Wabah iki duduk wabah biasa, awak’e dewe kudu podo waspodo, ojo metu ko omah disek tanpo alesan sing penting”.

Rencana iku bakal diterapne minggu ngarep. Warga podo sepakat.

7. Cerkak Bahasa Jawa 

 

Bapakku nduwe usaha ngingu pitik sing terkenal ning desaku. 5 kandang pitik dideleh ning mburi omah. Saben kandang pitik kui ukurane 5 x 6 meter sing cukup dinggoni 50 pitik.

Aku saben esuk ngewangi bapak makani pitik-pitik gen cepet gedhe lan iso payu larang. Pakan pitik sing dicepakne nggo makani macem-macem, mulai seko beras, jagung, nganti dedak.

Gen oleh rego murah, pakan kui dituku seko tengkulak sing wis dadi langganan suwe. Tigan seko pitik-pitik iku dijupuki saben dino nek nemu. Alhamdulilah keluargaku iso nggawe usaha dewe.

Aku dewe seneng banget sinau soal ngingu pitik langsung karo bapak. Aku duweni cita-cita yen suk gedhe bakal iso nerusne usahane bapakku gen luweh gedhe.

Tiga bagian dari ayam-ayam itu diambil setiap hari, kalau ada. Alhamdulillah keluargaku bisa membuat usaha sendiri.

8. Cerkak Bahasa Jawa

“Preian Sekolah”

 

Ora kroso minggu ngarep wes preian sekolah sing suwene ono seminggu, aku lan keluargaku duweni rencana bakal dolan menyang griyone kakungku kang ono ing deso tandan sari. Desone kakungku terkenal ijek asri, kaline bening, lan sawah-sawahe katon ijo royo-royo. Perjalanan teko omahku menyang omae kakungku butuh wektu 4 jam.

Mari sholat subuh aku wes semangat adus lan nyiapne klambi ganti selama liburan ing kono. Gak lali ibukku juga nyiapne bekal dige selama perjalanan. Akeh pemandangan kang apik amergo perjalanan menyang omae kakungku ngelewati gunung lan hutan.

Aku lan keluarga budal teko omah jam 7 esuk numpak mobile bapak. Selama perjalanan aku lan bapak akeh crito tentang pengalamane bapak pas jeg cilik nek omahe kakungku. Aku maleh duwe rencana pengen dolan nek kali, sawah lan kebon’e kakung.

Ora kroso crito ngalor-ngidol, wayah jam 12 awan tibak’e ameh tekan omahe kakungku. Kakungku ketok wes siap ngenteni nek ngarep omah karo wajah’e seneng banget karo katekananku. Aku salah siji putune sing di sayang. Selama nek omahe kakungku, aku di ajak dolan menyang kali, sawah lan kebon. Aku seneng iso liburan sekolah nek desone kakungku.

9. Cerkak Bahasa Jawa Panjang

 

“Katresnan Instagram”

Ajuning kemajuan jaman prasasat datan bisa dibendung maneh, jarene wong akeh sinebut globalisasi. Globalisasi dewe, saumpama dijarwakake kanthi basa jawa yaiku tansaya sumpeg lan rupake alam donya iki merga saking majune teknologi kang anjrah engga tekan karang padesan. Dadine, nadyan ana suwaliking bumi bisa krasa cedhak merga majuning tehnologi kang ora tinemu ing jaman sadurunge.

Coba dipenggalih, rong puluh taun kepungkur yen wong kepengin omong-omongan karo anake sing mapan ana Jakarta yo gelem ora gelem kudu menyang Jakarta. Utawa suwalike, si anak kudu bali menyang lemah kelairane. Kamangka, omahe ana Yogya. Ateges jarak antarane Yogya-Jakarta klebu adoh, sak ora-orane butuh ragad ora sethithik yen bakal sesambungan. Umpama bisa sesambungan, sranane telpon ana wartel, kirim layang utawa telgram.

Ning saiki, tahun 2022 iki, aja maneh Jakarta, selagine kepengin ngobrol karo keluarga sing mapan ana Amerika wis dudu barang angel maneh. Sing jenenge Handphone prasasat wis pating glethak saben papan. Tegese HP wis dudu barang larang maneh. Jaman aku sekolah kepungkur, aja kok ngimpi nyekel HP, selagine gambar lan bentuke wae durung weruh. Lha saiki, anakku sing isih kelas 3 SD wae cekel-cekelane HP, lha apa ora jamane wis owah?

Kamangka, bocah SD saiki kathik sing jenenge nyekel komputer wis canggihe ora jamak. Sejene kuwi, internet, twitter, engga sing aran Facebook anjrah tekan karang padesan. Mbukak sing jeneng facebook, twitter, yahoo massanger, lsp ora kudu ndadak nyang warnet, bisa diakses liwat HP. Mula ora jeneng aneh maneh, yen donya sing jembar ngilak-ilak prasasat dadi cupet tanpa wates.

Contone, FB, Twitter, Instagram, bisa dadi srana kanggo iklan utawa bisnis. Bisa uga kanggo dakwah agama, lan uga ngudi ngelmu. Yo merga ngenut ombyaking jaman iku, aku reka-reka melu gawe akun Instagram, Kanyatan, ora nganti let sasen-sasen akun IG-ku wis tambah kanca nganti ewonan wong. Senadyan durung nate ketemu, nanging lewat akun kekancan IG iku awakku bisa gegojekan kanthi bebas klawan kanca anyar sing babar blas ora tak ngerteni papan dununge.

10. Contoh Cerita Cerkak Bahasa Jawa

“Liburan ke Bandung”

Pengalaman plesiran menyang Bandung setahun kepungkur dadi kadhemenan dhewe. Aku bareng kanca-kanca budhal menyang Bandung pasa wayahe preinan sekolah. Iki salah siji pengalamanku seng rasane ora bakal jeleh.

Aku menyang Bandung saka Yogyakarta nyewa mobil bareng kanca-kancaku. Rencanane awaedhewe arep tilik menyang panggon-panggon wisata neng Bandung, kaya Kawah putih lan Situ Patenggang. Ning jebule, Kutho Bandung wis dikebaki mobil Plat B. Para warga Jakarta akeh sing pada menyang Bandung waktu musim preinan kaya ngene.Nganti tengah dalan nuju kawah putih, ning banjur aku lan kanca-kanca wurungna. Amergo situaasi ing dalan bener-bener macet parah.

Sak wise kui aku karo kanca-kanca nuju Situ Patenggang. Nyedhaki kawasan wisata Situ Patenggang, saka jero mobil kadelok telaga seng becik tenan. Aku karo kanca-kanca uwis ora sabar cepet nganti panggone wisata.

Nganti teko panggone , jebule kahanane cukup rame lan kebak karo bakulan. Kaendahan Situ Patenggan ora sabecik seng didelok saka mobil kemau. Daerahe sekitar akeh sampah sing sumebar. Embuh kurange pangopenan utawa tamu seng teka buwak sampah sak penake.

Kajaba marang Situ Patenggang, aku lan kanca-kanca uga menyang Kebun Binatang Tamansari. Ing Tamansari iso gawe ati luwih bungah tinimbang Situ Patenggang, amerga iso nyawang kewan-kewan.

Durung ngrasakake marem, aku lan kanca-kanca mubeng mlaku-mlaku nuju panggon wisata liyane nek Kutho Bandung. Nanging kabeh panggon wisata pada macet lan kebak karo tamu. Akhire aku lan kanca-kanca milih wisata kuliner, anyak saka panganan pinggir dalan ing Pasir Kali, Desa Gajah, Omah Sosis, nganti menyang Mall Paris Van Java.Akhire blanja oleh-oleh panganan asli Bandung.

 

11. Contoh Cerkak Bahasa Jawa

“Jago Bangkok”

Ibu Rini Sasmita, sesasi kepungkur mengeti dina ulang taune kang kaping patangpuluh pitu. Sepuh durung, nanging uga wis ora disebut mudha. Diupamakke ubenging srengenge, lagi jam siji awan. Uwis wiwit gumlewang mangulon, nanging panase isih krasa sumelet. Srawung karo sapa wae kepenak. Kumpul karo priyayi sepuh ora katon mudha, kumpul karo wong enom ora katon sepuh. Iku mau keluwihane Bu Rini kang ora liya ibu kandhungku dhewe kang banget tak bekteni, Ian tak sayangi.

“Wis tinggalen, Buk. Kuwi tak tandangane. Nek mung nyayur sop wae, aku pinter. Iki wis jam pitu, engko ditinggal Bulik Indarto,” ujarku marang Ibu kang lagi utheg ing

pawon. “Oke, sayang.. mengko aja lali nggoreng tempe gerit karo gawe sambel lombok abang,” wangsulane Ibu saka kamar, salin ngagem clana training biru, warna favorite. Saben Minggu esuk Ibu ora nate absen tindak menyang Sanggar Senam “Saras Salira” saperlu olahraga senam, bebarengan karo ibu-ibu komplek perumahan.

Tindake nunut mobil Kijang kagungane Bulik Sasmita, wetan omahku. Yen wis kumpul Ibu padha ibu ngono kuwi, rasane banjur bali kaya dhek nalika isih mudha. Lali yen kabeh wis padha kagungan “buntut” Malah, siji-loro ana sing wis peputu. Karena kerep kumpul-kumpul kaya mengkono, njalari penampilane Ibu tansah fress. Seger, renyah, sumringah. Ora kleru yen kanca-kanca SMA-ku biyen padha nyebut Ibuku, Ibu Gaul. Yen ngepasi kanca-kancaku dolan menyang omahku, Ibu ora canggung melu njagongi.

12. Cerkak Bahasa Jawa Tema Kesehatan

cerkak bahasa jawa tema kesehatan

cerkak bahasa jawa tema kesehatan

“Rong Mitra lan Pakulinan Sehat”

Ing siji desa cilik kang dikubengi sawah ijo, tinggallah rong mitra kaaran rara lan rani. rara yaiku bocah kang ceria lan aktif, dene rani luwih menengan lan remen maca buku. Sanadyan seje kapribaden, dheweke kabeh kekancan apik lan tansah padha-padha nyengkuyung.

Siji dina, rani ngajak rara lunga menyang puskesmas desa kanggo numuti pemeriksaan kasarasan. Wiwitane, rara ngrasa emoh amarga wedi jarum suntik. Nanging, rani ngyakinake menawa pemeriksaan kasarasan iku wigati kanggo mangerteni kahanan awak lan njaga kasarasan.

Sesampaine ing puskesmas, dheweke kabeh ketemu karo dhokter ani kang grapyak lan sareh. Dhokter ani ngandharake ngenani wigatine pola urip sehat, kaya mangan panganan bergizi, berolahraga teratur, lan ngaso kang cukup. Piyambake uga memeriksa kasarasan rara lan rani, kalebu ngukur dhuwur awak, abot awak, lan tekanan getih.

Sawise pemeriksaan rampung, dhokter ani menehake dheweke kabeh vitamin lan edukasi ngenani pola mangan sehat. Rara lan rani ngrungokake karo seksama lan wiwit termotivasi kanggo ngecakake gaya urip sehat.

wiwit wektu iku, rara lan rani wiwit ngowah pakulinan dheweke kabeh. Dheweke kabeh wiwit mangan panganan kang luwih bergizi, kaya sayur, woh, lan protein. Dheweke kabeh uga molai berolahraga bareng, kaya bersepeda lan dolanan badminton. Saliyane iku, dheweke kabeh uga mesthekake kanggo turu kang cukup saben wengi.

Owah-owahan gaya urip iki nggawa dampak positip kanggo kasarasan rara lan rani. Dheweke kabeh ngrasa luwih bugar lan arang lara. Saliyane iku, dheweke kabeh uga dadi luwih fokus sinau lan luwih sengkuyung jero nglakoni aktivitas sadina-dina.

Rara lan rani bersyukur banget wis numuti saran dhokter ani lan ngecakake gaya urip sehat. Dheweke kabeh uga ngajak kanca-kanca dheweke kabeh kanggo numuti tapak dheweke kabeh, ben desa dheweke kabeh dadi desa kang sehat lan bahagia.

13. Cerkak Bahasa Jawa Tema Budaya

“Nlusuri Tapak Sang Dhalang”

Ing siji desa terpencil kang dikubengi sawah ijo lan pegunungan dhuwur, tinggallah siji dhalang enom kaaran Bagus. Wiwit cilik, Bagus wis terpesona karo donya pewayangan. Piyambake asring ngentekake wektune mengamati bapane, ki seno, ndhalang karo kebak sengkuyung lan keahlian.

Bagus sinau karo tekun saka sang bapa, wiwit saka cara nganggo wayang, menirukan swara sawetara tokoh, nganti ngerteni makna ing walik saben carita. Piyambake uga nuduhake bakat luarbiasa jero ndhalang, malah ngluwihi bapane.

Ing siji wengi, wektu Bagus lagi latihan ndhalang, piyambake ditekani dening siji simbah tuwa kang misterius. Simbah iku nepungake dhiri dadi ki bayu, siji dhalang legendaris kang wis suwe ngilang. Ki bayu nawakake kanggo nglatih Bagus lan ngrewangine dadi dhalang kang luwih hebat.

Bagus nampa tawaran ki bayu karo kebak seneng. ing ngisor bimbingan ki bayu, Bagus nyinaoni sawetara elmu pewayangan kang luwih mendalam, kalebu filosofi urip, nile-nile moral, lan sajarah budaya jawa. Ki bayu uga ngajari Bagus kepriye migunakake kekuwatan kagunan wayang kanggo nyekel ati para penonton lan nggawa pesan-pesan wigati marang dheweke kabeh.

Kairing wayah, Bagus tansaya pinter jero ndhalang. piyambake wiwit tampil ing sawetara desa lan kutha, memukau para penonton karo pertunjukan kang kebak makna lan inspiratif. Carita-carita wayang kang digawakake ora mung menghibur, nanging uga menehake wulangan urip kang berharga kanggo para penontone.

Ketenaran Bagus dadi dhalang enom kang berbakat uga tansaya tambah amba. Akeh wong kang teka kanggo ndeleng pertunjukan, kalebu para pejabat lan bangsawan. Nanging, Bagus ora tau lali karo ajaran ki bayu kanggo tansah andhap asor lan migunakake bakate kanggo ngrewangi wong liya.

Siji dina, Bagus diundang kanggo tampil ing istana karajan. Piyambake ngrasa klimputan lan wedi, nanging ki bayu tansah menehake sengkuyung lan sengkuyungan karo kae. Bagus uga tampil karo kebak keyakinan lan kasil memukau raja karo saindenge tamu ulem.

Raja duwe kesan banget karo pertunjukan Bagus lan menehake bebungah kang berharga banget. Nanging, Bagus luwih seneng karo pujian lan raos marem saka para penonton kang wis terhibur lan terinspirasi dening pertunjukan.

Bagus terus ndhalang nganti akir hayate. Piyambake wis marisi elmu lan keahliane marang akeh murid, saengga kagunan pewayangan terus ngembang lan dilestarikake. Bagus dikenang dadi dhalang legendaris kang wis nggawa keceriaan, inspirasi, lan nile-nile budaya luhur marang masarakat liwat pertunjukan wayange.

FAQ Cerkak Bahasa Jawa

Apa itu teks cerkak bahasa Jawa?

Cerkak adalah cerita pendek basa Jawa atau bahasa Jawa yang termasuk tergolong ke dalam sastra modern.

Apa kepanjangan dari cerkak?

Kepanjangan cerkak adalah cerita cekak, sama dengan cerpen (cerita pendek) dalam bahasa Indonesia.

Bagaimana ciri ciri cerkak?

Ciri-ciri cerkak bahasa Jawa di antaranya:

  • Panjangnya kurang dari 10 ribu kata
  • Biasanya menjelaskan tentang sebuah peristiwa
  • Cerita hanya berfokus pada tokoh utama saja
  • Tokoh-tokoh yang ada di dalam cerita dideskripsikan secara singkat
  • Fiksi atau tidak nyata

Apa saja struktur teks cerkak?

Struktur cerkak bahasa Jawa terdiri dari eksposisi, komplikasi, krisis, klimaks, dan penyelesaian.

***

Itulah beberapa contoh cerkak bahasa Jawa singkat berbagai tema.

Simak berbagai artikel menarik lainnya hanya di www.99updates.id.

Jangan lupa, ikuti dan baca Berita 99.co di Google News untuk mendapatkan informasi terbaru.

Kalau sedang mencari rumah, dapatkan rekomendasi terbaik melalui www.99.co/id.

Ya, cari rumah kini jadi #SegampangItu bersama kami!

**Referensi:

  • Gunawan, Eko. (2016). Bahasa Jawa Xa. Sleman: Deepublish
  • Nurhadi. (2016). Teknik Membaca. Jakarta: PT Bumi Aksara
  • Fitriyah, dkk. (2022). Kumpulan Cerita Anak Bahasa Jawa. Bekasi: Penerbit Mikro Media Teknologi


Alya Zulfikar

Berkarier di dunia kepenulisan sejak 2018 sebagai penulis lepas. Kini menjadi penulis di 99 Group dengan fokus seputar gaya hidup, properti, hingga teknologi. Gemar menulis puisi, memanah, dan mendaki gunung.
Follow Me:

Related Posts